Memetri Budaya Jawi,Lumantar Pagelaran Seni Jathilan
Sleman.KOLOMNEWS.COM – Kalurahan Madurejo,Kapanewon Prambanan,Kabupaten Sleman,Ngayogyakarta Hadiningrat yaiku minangka salah sawijine Kalurahan kang duwe potensi.Amarga Kalurahan Madurejo sing dumadi saka 16 Padhukuhan,85 RT,40 RW iki,duweni maneka potensi unggulan.Mligine prodhuk olahan pangan sarta pelestarian budhaya lan seni tradhisi.Kayadene Pagelaran Seni Jathilan kang mapan ana ing plataran daleme Bapak Haryadi Padhukuhan Nogosari Singodrepan,Kalurahan Madurejo,Pra mbanan,Sleman kanthi migunaake anggaran dhanais lumantar Dinas Kebudayaan(Kundha Kabudayan) Kabupaten Sleman watara 12’Juta rupiah.Wandene Jathilan kang tinanggenah mbeber yaiku Paguyuban Seni Jathilan Kudho Singo Manggolo saka Padhukuhan Singodrepan Nogosari kanthi pendhamping dening Antonius Sujiratmono,BE Bacaleg DPRD Kabupaten Sleman saka Partai Perindo Dapil 3( Kalasan,Prambanan,Sleman) lan Bapak Murdiono kang mandhegani PS JKSM Ewadene kang pinercaya minangka Bapa utawa Pawang ora ana liya asmane Sugeng Satemah Jathilane saben Kanggo ngregengake swasana murih bisa gumyak,gayeng lan regeng kanthi dilipur dening para swarawati sarta wiraswara kang wis buntas babagan olah swara,kayata; Ninik Arista,Asmy Ralda,Mugiyono sarta Langgeng Wijaya
Sadurunge Jathilan mbeksa,Lurah Madurejo H.Sumadi kang diampingi Dhukuh Nogosari Singodrepan Wahyu Riyanto lan Winarto Koordhinator pentas.ana sangarepe para pamirsa ngandharake,”Menawa Kalurahan Madurejo sinebut minangka Kalurahan Budhaya Amarga Kalurahan Madurejo saliyane Jathilan,uga ana Kethoprak,Hadroh sarta kesenian tradhisional liyane. Nanging uga Kalurahan Wisata Jalaran duweni papan wisata alam,wisata reliji uga wisata kuliner kang wis kawentar nganti tumeka jaban rangkah.Pangandikane Lurah Madurejo H.Sumadi marang KOLOMNEWS.COM rikala di wawancarai ana papan pagelaran.
Wandene yen miturut atur pangandikane Murdiono marang KN mratelakake ,Menawa Jathilan kang dipandhegani saben Lebaran kapindho dipentasake saperlu kanggo mahargya dina kang becik Iki murih para pamirsa padha kalipur atine.Saben pentas nyajrkake patang babak.Wiwit jogedan bocak klas SD,nganti dhewasa.Pranyata kanthi Pagelaran Seni Jathilan bisa mujudake Manunggaling Kawula Klawan Gusti Pungkasing pangandikan Murdiono marang Langgeng Wijaya MC uga wiraswara.
Pawarta:Jana,Lang/KN